Aja Kowé Nggolèki Pati

 

  1. Waosan: Kaw. 1:13-15; 2:23-24
  2. Methik Piwulang
    1. Penulis kitab Kawicaksanan ngélingaké marang para maos aja padha nggolèki pati ninggal dalaning urip (ay 12). Déné alasané dikandhakaké ana ing ayat 13-15 yaiku: (1). Dudu Allah kang nitahaké pati. (2). Kabèh kang dèn ciptakaké iku amrih tetep ana lan nemu rahayu.
    2. Penulis kitab ngajak wong ora padha nggolèk pati lan ngundhuh pati jalaran anggoné padha urip nasar. Pati sing dimaksud iku dudu patining badan, nanging patining rohani. Manungsa pancèn kudu mati manut kodraté. Nanging carané mlebu ing urip kabèh wong padha; semono uga padha carané lunga (mirs Kaw 7:6). Déné sing njalari tekaning pati rohani iku dosa. Wong sing dosa, iku ora mung ngalami patining badan, nanging uga bakal ngalami patining rohani.
    3. Samubarang kang dumadi ana ing donya iki mujudaké cecawis kanggo urip samengko, yaiku sing sapa urip ndalan manut dhawuhing Pangéran bakal urip manunggal lan Allah, déné wong duraka bakal nampa paukuman sing murwat karo gagasané (mirs Kaw 3:9-10).
    4. Apa sing kacetha ana ing ayat 12 (mirs  aksara a ing ndhuwur) sejatiné wujud pepéling amrih wong padha nata uripé sajeroning ana ing donya iki supaya ora padha tumindak nasar. Tumindak sing nasar mung bakal ngundhuh pati. Tumraping wong bener, pati dudu pungkasan utawa akir, jalaran Allah nitahaké manungsa iku luput saka ing pati; liré tumuju marang kalanggengan (Kaw 2:23).
    5. Généya manungsa kudu golèk bener amrih ngundhuh kalanggengan? Pati iku dudu Allah kang nyiptakaké, lan Allah ora rena penggalih Dalem lamun manungsa  iku nganti lebur. Sing dikersakaké Allah iku kabèh manungsa iku urip langgeng sarta manunggal lan Panjenengané. Mula saka iku, kabèh manungsa kudu nindakaké uripé ana ing donya iki salaras karo karsa Dalem Allah. Kepriyé iku, iya kudu cundhuk lan manut angger kaya kang wus dipangandikakaké Allah lumantar para Utusan Dalem, para nabi, lan mliginé manut dhawuh Dalem Sang Putra Dalem Kinasih, Gusti Yésus, Pangéranku.
    6. “Allah iku kang jumeneng ana” (Pang 3:14), mula Penjenengané nitahaké samubarang iku supaya ana. Mula uga ora ana racun sing njalari pati. Manut para Rabi ora ana ama lan wisa ing wiwitaning donya. Iku lagi ana sauwisé manungsa tumiba ing dosa. Manungsa tinitah pancèn tumuju marang kalanggengan, mula alam kang cinipta ora ana kang kuwawa nglawan karsa Dalem Allah. Mulané penulis kitab uga asung pepéling menawa alaming pati ora mangrèh ana ing bumi (ay 14c). Pati ora mangrèh bumi, apa manèh bisa menggak karsa Dalem Allah kanggo awèh urip langgeng. Mokal!
    7. Pancèn akèh sing padha duwé panemu menawa urip ing donya iki wujud cecawis kanggo urip ing mbésuké utawa kalanggengan. Nanging panemu mau mung kandheg ana ing pangertèn, ora maujud ana ing panindaking ngaurip sadina-dina. Tumindak nasar senajan mung cilik étungané, iku kalebu dosa. Coba padha disuraos sembahyang ngaku dosa: “ Kawula ngakeni . . . .bilih kawula sampun nglampahi dosa, srana gagasan, tetembungan, tindak tanduk, tuwin amargi nglirwakaken kewajiban . . . .”. Dadi, nglirwakaké kewajiban iku wis kalebu dosa. Conto sing prasaja: Upama aku duwé tugas ana ing Mis Suci, marga awak rada kesel, terus mangkir kanthi pawadan: “Ah, mengko rak iya ana sing nggentèni”. Yèn kacundhukaké karo sembahyangan ngaku dosa ing ndhuwur, iku wis kalebu dosa. Dosa “nglirwakaké kewajiban” iku pancèn ora pati dirasa minangka dosa. Lha yèn olèhé mangkir iku bola-bali ateges aku wis numpuk dosa nglirwakaké kewajiban (dosa kelalaian).
    8. Wekasané hayo padha dipethik piwulanging waosan ing ndhuwur:  Waosan iku ngélingaké aku, menawa uripku ing mbésuké iku gumantung ana ing kepriyé cak-cakaning uripku ing saiki iki. Mula, dipadha ngati-ati nindakakè urip, dijaga aja nganti tumiba ing dosa. Lan sing kudu dicandhi, menawa Allah Hyang Rama iku Mahaasih, lan ngersakaké aku kabèh aja nganti pisah lan uwal saka Panjenengané, nanging manunggal lan Panjenengané ana ing kalanggengan. Amin!

꧁ꦲꦗꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦠꦶ꧂

Powered by Blogger.