Aja Sok Umuk

 “Ora ana nabi kanggep ana ing negarané dhéwé” (Luk 5:24)

 

  1. Waosan: Luk 4:24-30
  2. Methik piwulang:
    1. Sabda Dalem Gusti Yésus ing waosan ndhuwur njalari nepsuné wong-wong kang ana ing Synagoga. Pangandika mau dianggep menawa bangsa Israèl iku dudu bangsa pinilih lan mokal yèn nemu rahayu. Nalika jamané nabi Élias, malah wong wadon warandha ing Sarépta ing laladan Sidon sing digapé. Lan akèh wong budhugen ing Israèl, nanging sing diresikaké mung Naaman wong saka Syria. Wong Israèl ing atasé bangsa pinilih rumangsa disepèlèkaké, ditandhingaké karo wong Sarépat lan wong Syria. Mula wong-wong mau banget anggoné ngigit-igit marang Gusti Yésus.
    2. Kanepsoné wong Israèl iku wis nuduhaké menawa bangsa pinilih iku kuduné saya ngrembaka pengandelé lan ngembani bangsa pinilih, nanging malah malih dadi bangsa sing fanatik. Tegesé, pengandelé mung kandheg ana ing tetembungan, formalitas utawa lelamisan. Sikapé mantog ana ing sebutan “bangsa pinilih”, bangsa sing paling bener lan paling hébat, bangsa kang duwé anggering Allah. Kanepsoné bangsa mau njalari Gusti Yésus dadi paraga kang lumawan bangsa pilihaning Allah. Mula wong-wong mau mbudidaya kepriyé carané supaya Panjenengané iku disédani.
    3. Aku bisa ngungun, ana ing akiring crita, Gusti Yésus “lénggang kangkung” langkung ing tengahé wong-wong mau lan banjur lolos tindak saka ing kono (ay 30). Aku bisa umyeg ngrembug bab pangéram-éram kang ditindakaké Gusti Yésus, kang bisa gawé saya manteb lan giligé pangandelku menawa Panjenengané iku paraga kang sekti mandraguna. Nanging yèn aku uga mung kandheg ana ing pangerti iku, aku bisa kaya wong-wong kang ana ing synagoga, kang banjur nduwèni sikap mistis-tetembungan. 
    4. Srana baptis, aku wis diangkat dadi putraning Allah, ateges aku wis lumebu ana ing sesambungan mirunggan  lan istiméwa lan Panjenengané. Dadi, aku wis duwé Allah lan uga dadi kagungan Dalem Allah.  Mesthi baé iki kanugrahan Dalem Allah kang istiméwa tumraping aku. Mula aku kudu mracihnani jejering putraning Allah ing endi papan lan kapan baé. Liré, ing ngendi baé jejerku  kudu tansah bisa mrebawani anané swasana asih. Dijaga aja nganti ing ngatasing putraning Allah aku banjur dadi paraga kang sesongaran, adigang-adigung-adiguna, lan nganggep rèmèh wong liya.
    5. Underaning gati, sejatiné ana ing rumangsa dadi kagungan Dalem Allah lan rumangsa duwé Allah. Lha kedlarungé, yèn rumangsa duwé Allah terus bisa dadi nguwasani Allah. Lan aku bakal serik lan muring-muring yèn Allah-ku mau disendhu utawa diprekara. Aku nepsu banget yèn disalahaké, utawa dianggep mangro, saya-saya yèn dianggep kapir. 
    6. Pengandelku kuduné bisa napak tilas Ibu Maria, Ibuning Allah.  Kaya pengandel dalem Ibu Maria kuduné pengandelku katuntun lan tuwuh ngrembaka. Saka sikap rumangsa duwé Allah malih sikap rumangsa dadi kagungan Dalem Allah. Kanthi sikap abdi, aku bisa rumangsa dadi kagungan Dalem Allah ing sawutuhé. Sumangga ing sakersa Dalem. Iya iki sing diarani iman universal, liré ora miji marang awaké dhéwé utawa golongan, nanging mligi mung konjuk ing Allah. Apa baé kang dumadi iku ana ing panguwaos lan rancamgan Dalem Allah. Amin.

꧁ꦲꦗꦱꦺꦴꦏ꧀ꦲꦸꦩꦸꦏ꧀꧂

Powered by Blogger.