Allah Nimbali Samuèl


  1. Waosan: 1Sam 3: 1-10
  2. Methik piwulang
    1. Samuèl ditimbali nalika dhèwèké turu ana ing Padaleman Suci, sacedhaké pethining Allah. Nalika semana arang-arang Allah ngendika, lan wahyu tingal uga ora kerep. Samuèl ditimbali nganti rambah kaping telu, lan kaping telu uga Samuèl mara nyedhaki Hèli lan nyuwun pirsa apa bapa Hèli nimbali. Imam Hèli nuli ngerti menawa sing nimbali iku Allah. Samuèl pancèn durung kenal Allah ; mula Hèli nuli mituturi Samuèl, yèn mengko ditimbali manèh supaya matur: “Kula aturi ngendika, ingkang abdi mirengaken.” (ay 10). Mengkono kedadéyan, nalika ditimbali manèh, Samuèl matur kaya kang dihawuhaké Hèli.
    2. Pethining Allah iku wujud kothak kayu kang dilapisi emas, lan ing jeroné disimpen  blèbèkan watu piageming prejanjian, sing ngemot Sepuluh Dhawuhing Allah. Pethi mau uga kasebut Pethi Anggering Allah utawa Pethi Prejanjian Allah, tembung kang nélakaké gagasan menawa pethi mau ngemot blèbèkan watu kang ana tulisané prejanjian antarané Allah lan wong-wong Israèl. 
    3. Ing sandhuwuring Pethi dipasang reca kérubim cacah loro, yaiku  makhluk apengawak kéwan nganggo swiwi lan asesirah manungsa. Pethi sing sakawit kanggo nyimpen Sepuluh Dhawuhing Allah, banjur dadi pratandha rawuh Dalem Allah. Mula para mungsuhé Israèl yèn ngerti menawa Pethi iku ana ing sajeroning Kémahé wong Israèl, iku diwerdèni menawa Allah rawuh ana ing tengah-tengahing umat Israèl. Lha Samuèl kang turu ana ing sacedhaké Pethi iku ateges menawa Samuèl pantes nampa wahyu saka Allah.
    4. Bab “timbalan” Dalem Allah, iku kasadharané wong ora padha. Ana sing saekal langsung bisa nampa menawa iku timbalan, nanging ana uga sing butuh wektu kanggo nyurasa menawa iku timbalan. Lan malah ana sing ndadak nganggo diterangaké utawa dituntun menawa iku timbalan. Contoné, Samuèl dhéwé lagi mangerti menawa iku timbalan sauwisé diterangaké lan dipituturi déning Hèli menawa iku timbalan Dalem Allah. Gegayutan karo timbalané Samuèl iki, ana sawetara guru rohani kang ngandhakaké menawa timbalan iku sinandi utawa “misteri”. Bab sikapé Samuèl anggoné nanggapi timbalaning Allah bisa dimaklumi, jalaran Samuèl durung mangerti karo Allah lan sabdaning Allah durung kawedhar marang dhèwèké (ay 7).
    5. Wiwitané Samuèl ditimbali rambah kaping pindho. Timbalan rambah kaping pindho iki ana ing Prajanjian Lawas pancèn lumrah, liré jenengé wong iku ditimbali kaping pindho.
      1. Nalika Abraham arep ngurbanaké Ishak, Allah nimbali Abraham kaping pindho (Purw 22:11).
      2. Nalika Israèl pindhah menyang Mesir marga diaturi Yusuf (anaké sing “ilang”), Allah nimbali ngagem jenengé (jeneng bocah) uga kaping pindho: “Yakub, Yakub” (Purw 46:2).
      3. Nalika Allah ngandika karo Musa ana ing grumbul murub, uga nimbali kaping pindho: “Musa, Musa” (Pang 3:4).
        Généya Allah nimbali nganti rambah kaping pindho, iki nandhakaké menawa Allah kagungan kawigatèn marang wong sing ditimbali, jalaran ana bab wigati sing bakal diparingaké.
    6. Hèli kang leladi ana ing padaleman Suci, lan anané timbalan marang Samuèl nganti rambah kaping telu, nuli nglenggana menawa timbalan iku saka Allah. Mula nuli mituturi Samuèl menawa ditimbali manèh supaya matur: “Kula aturi ngendika, Yahwé, ingkang abdi mirengaken.” (ay 9b). Iki tegesé imam Hèli nuntun Samuèl amrih sesambungan lan Allah sacara langsung. Lan tuntunané Hèli iku ditindakaké déning Samuèl, sauwisé dhèwèké nampa timbalan kang kaping papat (ay 10).
    7. Senajan Hèli kena diarani  “rada” kasèp anggoné nyurasa timbalané Samuèl iku asal saka Allah, nanging aku kudu ngajèni paraga Hèli. Lha iya Hèli iku kang njalari Samuèl bisa nampa timbalan Dalem Allah. Lan iki mujudaké piwulanging iman kang bisa dakpethik, yaiku luwih becik kasèp awèh pitulungan, sesuluh, pamrayoga, katimbang ora babar pisan.
    8. Adhedhasar tradhisi, Samuèl iku nampa timbalan nalika umur rolas taun. Kanthi pamawasing tradhisi iku, aku terus kèlingan nalika Gusti Yésus yuswa rolas taun mirengaké lan tetakèn karo para guru ana ing Padaleman Suci ing Yèrusalèm (Luk 2:42, 46). Kejaba Samuèl mundhak-mundhak gedhé lan diwasa, Allah tansah njangkung lan kabèh sapangandikané ora ana sing ora kedadèn (ay 19).  Jejer imam lan nabi, Samuèl nindakaké karsa Dalem Allah kanthi setya lan mituhu.
    9. Sejatiné aku kabèh uga nampa timbalan, nanging apa aku iya wis nglenggana anané timbalan mau? Conto sing gampang, upama aku ditunjuk dadi pengurus, embuh pengurus Dewan paroki, apa Wilayah, apa Lingkungan, Prodiakon, lan liya-liyané, adhakané sing kedadéyan padha semaya kanthi alasan sing warna-warna. Muga baé aku bisa nyurasa, menawa sakèh tugas pelayanan gerejani iku timbalan Dalem Allah. Kanthi iki aku bisa tansah samekta ing gati. Pinujia Allah ing salami-laminya. Amin.             

꧁ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦶꦯꦩꦸꦮꦺꦭ꧀꧂

Powered by Blogger.