PRABA
Amos Diusir
- Waosan: Am 7:12-15
- Methik Piwulang
- Amos iku sawijining wong sing miyara rajakaya ing Tékoa, nalika jamané prabu Osias, nata Yudha, lan dhèk jamané Yéroboam, putra Yoas, nata Israèl (Am 1:1). Amos martakaké sabdaning Allah (meca) marang Israèl, menawa Yéroboam, nata Israèl bakal tiwas marga pedhang lan Israèl bakal dibuwang adoh saka negarané (Am 7:11).
- Adhedhasar wewecané Amos iku, Amasias (sawijining imam ing Bètèl) lapor marang prabu Yéroboam, lan tanpa persetujuwané prabu Yéroboam, banjur ngusir Amos kanthi tetembungan sing nylekit lan deksura: “Wong waskitha, kowé lungaa saka kéné: kowé balia menyang Yudha; golèka pangan ana ing kana, yèn arep memeca. Nanging yèn Bètèl, aja meca manèh-manèh, awit kéné iki sanggar suci kagungané nata, sanggar sucining negara.” (Am 7:12-13).
- Wewecané Amos iku njalari wong-wong, mliginé Amasias (imam) kaya “kebrongot jénggoté”. Mula dhèwèké nuli lapor marang prabu Yéroboam; lan mesthi baé dibumboni, menawa Amos iku nganakaké pasekuthon arep njongkang kalenggahané. Prabu Yéroboam mesthi baé énggal precaya marang laporané Amasias, saya-saya ngèlingi menawa Amos iku kalebu wong manca, asal saka Yudha, dudu wong Israèl. Nguja Amos memeca ateges nguja tekané bebaya. Wewecané Amos iku mujudaké ancaman, jalaran langsung nyebut asmané nata, yaiku Yéroboam.
- Pangusirané Amasias marang Amos iku ora ana gayutané karo babagan téologis, kejaba mung srana pawadan menawa Bètèl iku papané nata; lan wong kaya Amos iku ora pantes manggon ana ing Bètèl. Jalaran Bètèl iku sanggar suci kagungané nata, sanggar sucining negara (Am 7:13).
- Sajaké nalika jamané Amos, wong-wong padha duwé keyakinan menawa nabi iku bisa yasa pangéram-éram lan kaélokan-kaélokan kang marakaké wong-wong padha nekani lan nyuwun pitulungan. Mula Amos uga nyatakaké menawa dhèwèké iku ora gegayutan karo nabi kaya kang padha diyakini. Dhèwèké iku urip ora nganggo ragad kaya umumé para nabi, nanging dhèwèké iku miyara rakaya lan nglumpukaké woh-wohan alas.
Kanthi pratélan iku, Amos nedya nyatakaké menawa dhèwèké iku uripé saka panggaotané dhéwé, lan ora mélik kepéngin dadi nabi supaya olèh upah kanggo uripé. Ana déné dhèwèké ninggal panggaotané iku, marga sumungkem mring timbalaning Allah supaya dadi nabi tumrap wong Israèl. - Wekasané, gegayutan karo panulaké Amasias mring sabdaning Allah sing diwartakaké déning Amos, wohing wewecané Amos iku:
- Krajan Israèl bakal ambruk lan umaté bakal diangkut saka negarané lan dadi wong buwangan (ay 11, 17).
- Kulawargané Amasias bakal nampa paukuman wujud: bojoné tumindak jina (iki kepeksa ditindakaké marga rekasané urip nalika iku), anak-anaké lanang dadi mangsané pedhang (nalika diserang wong manca), lan lemahé bakal diukur diedum-edum, lan dhèwèké bakal mati ana ing tanah karam (Am 7:17).
- Sejatiné saben wong iku bisa diagem déning Allah kanggo martakaké sabda Dalem. Ora ana alangané tumraping Allah miji sok sapaa, kalebu aku dhéwé. Sing dadi prekara iku rak apa aku sadhar lan nglenggana menawa iku timbalan Dalem Allah? Lan, yèn aku ngerti menawa iku timbalan Dalem, apa aku iya setya mring timbalan mau kanggo martakaké sabdaning Allah, sing sakbanjuré nuli tumindak apa mesthiné? Aku iki sejatiné mung dhapur srana Dalem. Mula aku kudu kanthi andhap asor nindakaké dhawuh Dalem mau kanthi temen lan tumemen
- Pangusirané nabi Amos iku dialami uga déning nabi-nabi liya, malah uga Sang Nabi Agung kita, Gusti Yésus Kristus. Lha yèn mangkono, aku uga kudu lila nampa nasib sing padha. Srana dadi murid Dalem Sang Kristus, aku diutus dadi “nabi” kanggo masyarakat ing jamané saiki. Lan embuh apa akibaté utawa olèh-olèhané saka tugas “kenabian”ku, iku pancèn undhuh-undhuhané anggonku madeg seksi Dalem Sang Nabi Agung, iya Gusti Yésus, Juruslamet lan Sesembahanku kang sejati. Pinujia Asma Dalem Sri Yésus, Dewi Maria, tuwin santo Yusuf. Sapunika sarta langgeng. Amin.
꧁ꦄꦩꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦲꦸꦱꦶꦂ꧂
