Angger-Angger Sepuluh

 

  1. Waosan : Pang 20: 1-17
  2. Methik piwulang
    1. Kamardikan iku larang regané. Bangsa Indonésia kang naté dijajah nganti suwé bisa ngrasakaké kaya ngapa senengé dadi bangsa merdika. Demi kamardikan para pejuang miwiti ngayati anané perjuwangan ngambah dalan kang rumit, rumpil lan mbebayani. Olèhé berjuwang pol-polan, yèn prelu ora mung toh bandha, nanging uga nyawané dhéwé. Bareng kamardikan wus kecekel, ora ana liya sing ditindakaké iya suka parisuka lan ngucap syukur mring Gusti. Kamardikan iku anugrah Dalem Gusti. 
    2. Semono uga tumraping bangsa Israèl, sing dibébasaké saka perbudhakan ing Mesir. Pangentasan saka Mesir iku diwerdèni minangka anugrah lan berkahing Allah, dudu pambudidayané dhéwé. Iku mligi kanugrahan saka Allah. Mula bangsa Israèl ora kena banjur nyepèlèkaké kanugrahan mau nanging kudu nanggapi sacara positif, liré kudu tansah atur puja-puji syukur mring Allah. Kepriyé rasa syukur iku kawujudaké?
    3. “Aku iki Yahwé, Allahmu, kang ngluwaraké kowé saka tanah Mesir, saka omahing batur.” (ay 2).  Bab iki yèn dicritakaké bisa wujud buku. Sepuluh Angger iku yèn kawawas saka Pang 19: 1-25 tekan 20: 18-21sacara wutuh,  katon menawa Angger Sepuluh iku diparingaké Allah sacara langsung marang bangsa Israèl tanpa lumantar Musa (mirs. Wul 5:1-5). Sing wigati, yaiku  menawa Allah wus ngluwaraké bangsa Israèl saka Mesir. Saiki bangsa Israèl kudu saos puji syukur mring Allah kanthi saktrepé. Angger kang saka Allah mau kudu dileksanani kanthi rasa éklas lan gambira, ora ndadak nganggo kepeksa.
    4. Sesambungané manungsa lan Allah  
      Angger kapisan (ay 3-6) Allah ora marengaké anané allah liya ing tengahing bangsa Israèl. Sajaké bangsa Israèl nalika iku ngakoni anané déwa-dèwi bangsa liya. Senajan ora manembah nanging mesthi mbebayani. Bangsa Israèl supaya madhep manteb mring Allah lan prajanjian Dalem. Déwa-dèwi manca ora duwé rasa asih tresna, ora ana rasa pangrasaa lan mung mbegundhal anané. Déné Allahing bangsa Israèl wus kabuktèn nuntun luwar saka omahing batur ing Mesir.
      Angger kapindho (ay 7) Ora dikeparengaké ngucapaké asmaning Yahwé, Allah kanthi gumampang. Asma mau ngélingaké bangsa Israèl bab kuwaos Dalem Yahwé anggèn Dalem ngentasaké saka omah batur ing Mesir. Gegayutan karo iku, mula asma Yahwé kudu dicaosi pakurmatan lan ora kena digunakaké sak-saké. Upamané kanggo tumindak culika, utawa kanggo ngatur lan ngendhalèni Allah.
      Angger katelu (ay 8-9) Kudu éling lan nucèkaké dina Sabat. Nalika nitahaké donya, dicritakaké Allah lerem utawa ngaso ing dina Sabat (Purw 2:1-3). Bangsa Israèl sing mentas diluwari saka perbudhakan ing Mesir niru tuladha mau. Ngaso iku anugrah kamardikan. Ngaso uga titikan kang mbédakaké ing antarané wong merdika lan para batur. Batur iku ora duwé hak kanggo ngaso. Bangsa Israèl saiki duwé kalodhangan kanggo ngaso, jalaran wis merdika bébas saka Mesir.
    5. Sesambungan ing antarané manungsa
      Angger kapat (ay 12) Bangsa Israèl kadhawuhan ngormati bapa-biyungé. Gandhèng Sepuluh Angger iku katujokaké marang wong kang wis diwasa, cetha menawa iki dudu bab unggah-ungguh nanging iki sawijining dhawuh supaya padha ngrumati wong tuwa sing wis ringkih, suda pangrungu, suda paningal, suda kekuwatan lan liya-liyané. Tembungé gampang, nuwun sèwu, wong tuwa sing wis “krépo”. Supaya wong tuwa iku dirumati nganti tekan puputing yuswa.
      Angger kalima, kanem, lan kapitu (ay 13-15) iku dhawuh-dhawuh cekak kang tujuwané nyegah lan mbélani uriping wong tumrap tindak murang saka pepadhané. Rajapati ora kena ana yèn ditindakaké kanthi sawenang-wenang lan nlisir saka angger lan rasa pangrasa (moral). Mesthi baé iki ora kalebu matèni . kéwan, matèni mungsuh ana ing paprangan lan balas dendham.
      Laku jina (tindak palanyahan) ora kena, iki kanggo njaga katentremaning urip pernikahan utawa urip somahan; jalaran kulawarga iku minangka dhasar dumadiné kelompok-kelompok bebrayan (masyarakat). Kejaba iku kasetyaning pernikahan uga nggambaraké kasetyan Dalem Allah, mula pernikahan kudu dijaga aja nganti bubrah lan kocar-kacir, apa manèh ajur.
      Nyolong kawawas kanggo mbélani wong-wong sugih. Nanging sing wigati yaiku nyolong manungsa. Wong sing kuwasa sok nyolong wong-wong mlarat lan didadèkaké batur. Lha yèn nyolong barang, iku gegayutan  kanggo nyegah anané tindak ngrampasi kang sok ditindakaké déning wong sing kuwasa marang wong-wong sing ringkih.
      Angger kawolu (ay 16) Aja awèh paseksèn goroh marang padhamu. Nalika semana, peradilan iku tumindak prasaja. Padudon dirampungaké ana ing gapuraning kutha utawa ana ing dalemé pada pinituwa utawa raja. Keputusané didhasaraké anané paseksèné para seksi. Dadi paseksèn iku nemtokaké pati-uripé wong. Mula nalika madeg seksi kudu nyatakaké sing bener. Aja goroh.
      Angger kasanga lan kasepuluh (ay 17) Aja mélik omahing liyan, bojoning liyan, baturé lanang utawa wadon, sapiné utawa kuldiné, lan apa baé. Kejaba gegayutan karo barang darbé, angger loro iku nyatakaké menawa mula bukané ana kadurakan iku saka jero atining manungsa. Mula wiwit sepisanan kudu dicegah. Mula bangsa Israèl kudu tansah urip ana ing kasucian, kanthi menggak pepènginan lan napsu kang ora dunung.
      Angger cacah loro kang pungkasan iki, nyethakaké menawa sepuluh angger iku katoné katujokaké marang kaum priya. 
  3. Mesthiné sepuluh Angger iku kudu diugemi minangka paugeraning ngaurip, sabda kang ngemu daya (inspiratif), lan srana kanggo nggayuh dalan rahayu. Menawa bangsa Israèl mula ngrumangsani pakaryan Dalem Allah kang ngentasaké saka Mesir, kuduné bangsa Israèl netepi sabda-sabda mau kanthi lila legawa. Jalaran, Sepuluh Angger iku tujuwané nuntun marang lakuning urip kang becik, kang salaras karo adeging bangsa luhur kang piniji déning Allah.
    Senajan Sepuluh Angger iku asring dipantha dadi loro, yaiku: sabda kang ngatur sesambungané manungsa lan Allah sarta sesambungan antarané manungsa lan manungsa, naning pemisahan iku aja dianggep kudu utawa mutlak. Sepuluh Angger iku mujudaké kesatuan sing wutuh, ora bisa dipisah-pisah. Sesambungané  karo Allah lan pepadha pepindhané kaya duwit, kang lumah kurebé béda, nanging iku siji lan sawiji.
    Wektuné saiki, Sepuluh Angger iku isih ana maknané lan isih cocog. Jalaran akèh wong sing padha ngira menawa merdika iku tegesé bisa tumindak sak gelemé dhéwé utawa sakarep-karepé dhéwé. Tresnaa mring Allahmu lan pepadhamu srana netepi angger-angger kang tumindak. Angger iku ora ngungkung kamardikan, balik kanthi angger, kamardikan bisa tumindak kanthi bener lan bisa dipertanggung-jawabaké.
    Wong sing nyepèlèkaké angger iku dudu wong sing merdika, nanging wong sing nyepèlèkaké kamardikané.

꧁ꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦁꦒꦼꦂꦱꦼꦥꦸꦭꦸꦃ꧂

Powered by Blogger.