Asih Tresna Dalem Allah

 

  1. Waosan : Yoh 3:14-21
  2. Methik piwulang
    1.  Ana ing waosan Injil kasebut, Gusti Yésus ngendika piyambak, menawa, “jer semono tresnaning Allah marang donya, nganti maringaké Putra Dalem ontang-anting, supaya saben wong sing ngandel ing Panjenengané, aja nganti tiwas, nanging ndarbèni urip langgeng” (ay 16). Kaprecayan lan pengandel marang Gusti Yésus Kristus iku sing njalari saben wong bisa olèh urip langgeng, nemu rahayu. Lan sing ada-ada supaya manungsa iku slamet-rahayu iku Allah piyambak, dudu manungsa (aku). Dudu wohé olèhku nggrantes supaya sang Juru Slamet tedhak saka swarga, nanging jer semono gedhéné asih tresna Dalem Allah, nganti ngutus Putra Dalem rawuh ing donya kanggo nebus aku kabèh. Dadi, rawuh Dalem Gusti Yésus ing donya iku sing ada-ada utawa sing kagungan karsa Hyang Rama piyambak, Sumber lan Dununging keslametanku.
    2. Mula aku kudu nanem ana ing sajeroning ati kanthi tandhes, menawa aku iki kinasih ing Allah, nganti Allah maringaké Putra Dalem ontang-anting marang aku. Mula wis jeneng samesthiné lan trep banget menawa aku kudu ditanpa kendhat tansah atur panuwun mring Panjenengané, éé. . . déné aku ngerti marang Gusti Yésus lan ngandel mring Panjenengané. Iya kanthi iki aku bisa olèh keslametan sing sejati, kang asalé saka Allah. Mula aja ana wong sing ngegungaké awaké dhéwé (Eph 2:9).
    3. Pancèn, pikiran sing cethèk kedlarung nggampangaké. Toh Gusti Yésus iku sabar, lembah manah, lan penuh ing sih, yèn aku rada ndléya ora sregep sembahyang, wegah maca Kitab Suci, arang kumpul ing Lingkungan kanggo sembahyang bareng-bareng, mengko rak diparingi pangapura. Iki jenengé kuwalik. Merga aku wis ditresnani lan dislametaké, aku kudu kajurung ngatonaké atur panuwunku mring Panjenengané ana ing cak-cakaning uripku sadina-dina. Dadi iya kudu sregep ndhèrèk Mis Suci, sokur saben dina, sregep lelumban ing pakaryan gerejawi, sregep ndonga milginé kanggo sedulur-sedulur sing kacingkrangan. Aja malah dadi “jayaéndha” (yèn duwé gagasan baé dakik-dakik, nanging yèn tekan kudu nandangi gagasan mau terus golèk pawadan kanggo sélak, alasané warna-warna), aja seneng umuk, ngegungaké awaké dhéwé.
    4. Ayo para sumitra, ditanpegat ing atur panuwun mring Gusti Yésus, kang wus tedhak menyang donya, saperlu nebus dosa-dosaku. Iya Panjenengané iku dununging karahayonku, iya urip langgeng. Jalaran ora ana liya kang dadi dununging karahayon, jer asma liya ing sangisoring langit, ora ana kang diparingaké manungsa, dadi marganing aku nemu rahayu. Iya mung ana ing asma Dalem Sri Yésus Kristus.(mirs Lel Ras 4:12). Amin!

꧁ꦲꦱꦶꦃꦠꦽꦱ꧀ꦤꦢꦊꦩ꧀ ꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧂

Powered by Blogger.