Atiku, Padaleman Suci

 

  1. Waosan : Lukas 19: 41-44
  2. Methik piwulang
    1. Nalika Gusti Yésus wus celak, pirsa kutha, banjur muwun (ay 41). Gusti Yésus muwuni kutha Yèrusalèm. Sejarahé kutha Yèrusalèm kang dimuwuni Gusti Yésus wus dumadi. Yèrusalèm lawas remuk, rata karo lemah. Yèrusalèm iku dununging Padaleman Suci. Saiki ayo padha disurasa “Yèrusalèm liya”. Santo Paulus sacara pralambang nyatakaké menawa atiku iku uga padalemaning Allah. Dadi, kanthi panemuné santo Paulus iku, aku bisa nyatakaké menawa uripku iku “Yèrusalèm”. Lha yèn Gusti Yésus naté muwuni Yèrusalèm kang bakal bubrah lan remuk apa Panjenengané uga bakal muwuni “Yèrusalèmku”?
    2. Urip sing bubrah ora karuwan, iku urip sing padha karo tumpukan balung karo daging sing tansah digawé dolanan déning ombyaking jaman sing ora genah. Iya kahanan iki kang njalari Gusti Yésus muwun kanthi sedhih. Mangka ombyaking jaman isih akèh sing genah, kena ngapa aku milih urip sing ora genah?
    3. Gusti Yésus wus maringi marang aku kabèh nugraha pengandel mring Allah. Kanthi pengandel iku aku mbangun dhedhasaring Padaleman Suci ana ing jroning atiku. Nanging yèn pengandel iku ora dak opèni lan atiku nutup mring rawuh Dalem Allah, uripku dadi muspra tanpa guna. Gampanging kandha aku mung urip-uripan, lan keladuking pangucap: “mati sajroning ngaurip”.
      Lan pengandel kang wis dak tampa iku aku ora taberi ngopèni lan wekasané kèli katut ombyaking jaman sing ora genah, uripku uga muspra.
    4. Pengandel kang dèn paringaké marang aku iku wujud asih tresna Dalem  kang dèn sokaké marang aku. Kanggo sanépa kang prasaja, saupama aku mènèhi kadho utawa hadhiyah sing iku mujudaké katresnanku, nanging kadho iku ora digapé utawa mung dijaraké nganti rusak, aku mesthi keranta-ranta lan sedhih banget. Kok olèhé ora ngajèni marang katresnanku. Semono uga Gusti uga bakal sedhih Tyas Dalem menawa pengandelku mandheg aliyas “tidhem premanem” blas ora ana bawané ngelisik. Pengandelku temahan saya alum, saya gerang, temahan ilang diulu jaman édan.
    5. Gusti ngersakaké supaya pengandel kang wus diparingaké marang aku iku saya tuwuh ngrembaka lan bisa mbangun Padaleman Suci ana ing jeroning atiku kang njalari aku tansah samekta nambut rawuh Dalem ana ing telenging atiku. Wekasan aku bisa urip bebarengan lan ana ing Gusti.  Urip kang bisa ngrasa urip ana ing Allah, iku “Yèrusalèm anyar”.
      Kanggo ndadèkaké uripku dadi Yèrusalèm anyar, ora gampang. Akèh panggodha lan pepalang yèn aku saya cedhak karo Allah, lan akèh kadonyan sing narik aku supaya aku saya adoh lan yèn bisa uwal saka Allah. Panguwasaning pepeteng ora bakal meneng baé yèn aku ngayati mbangun Yèrusalèm anyar.
    6. Kabèh panggodha mau bisa dicegah lan dibrastha srana suméndhé lan pasrah sumarah mring panguwaos Dalem Allah. Yèn aku karo Allah, sapa sing wani karo aku? Dadi aku kudu tansah memetri lan ngipuk-ipuk kasetyan, kateguhan pengandel, lan nglenggana mring asih tresna Dalem Allah kang tanpa wangenan, sarta anggèn Dalem Allah tansah mbudidaya amrih aku bisa yasa Yèrusalèm anyar. 

꧁ꦲꦠꦶꦏꦸ꧈ꦥꦢꦊꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦱꦸꦕꦶ꧂

Powered by Blogger.