PRABA
Bab Pajeg Katur Sang Prabu
- Waosan: Matius 22: 15-21
- Methik Piwulang
- Sauwisé disuguhaké pasemon telung warna kang katujokaké marang para mengsah Dalem, sabanjuré kasusul padudon utawa dhébat. Padudon mau gegayutan karo olèh apa ora mbayar pajeg marang Kaisar. Padudon mau nyangkut wong-wong Parisi (adeging wong agama nanging suthik mbayar pajeg marang pamaréntah asing = Roma), lan uga wong-wong Hérodian (sing mbokmenawa kajibah ngurusi sistim pajeg ing Palèstina).
- Pitakonané wong-wong Parisi mau wujud njégal, tembungé liya dilématis, tegesé wangsulan apa baé sarwa salah. Pitakonan mau : “Kula kénging mbayar paos dhateng Sang Mahaprabu punapa prayogi mboten?” (ay 17). Yèn diwangsuli “olèh”, Panjenengané bakal ora olèh simpati saka kaum nasionalis religius. Alah déné mucalaké bab asih tresna, nyatané ora mbélani rakyat kang rekasa dijajah lan kudu mbayar pajeg warna-warna. Lha yèn diwangsuli “ora susah mbayar” uga salah, lan Panjenengané bisa kelakon dicekel lan dikunjara, jalaran dianggep mbrontak marang Kaisar.
- Nanging Gusti Yésus pirsa pikirané wong-wong mau. Lan kanggo nyingkiri penjégalé wong-wong mau Gusti Yésus mundhut conto dhuwit sing dienggo mbayar pajeg. Ana ing dhuwit mau ana gambar lan tulisané Kaisar. Kanyata wong-wong mau padha migunakaké dhuwité Kaisar, ateges iya padha mbayar pajeg marang Kaisar. Ing kéné Gusti Yésus paring piwucal lan “piwelèh” kanthi ngendika: “Lha saiki sing haké Sang Mahaprabu, caosna sang Mahaprabu, lan sing haking Allah, caosna Allah.” (ay. 21). Kanthi iki kemunafikané wong-wong mau lan uga lelamisané ing bab agama kewiyak.
- Ayat 21 kasebutnduwèni werdi uga:
- Caosna Kaisar sing dadi haké Kaisar (pajeg), jalaran Kaisar iku panguwasa. Allah pancèn maringi panguwasa marang Kaisar (sawetara), mula kudu dikurmati. Iki nduwèni dasar Prajanjian Lawas, menawa sakèh panguwasa iku asal saka Allah.
- Gusti Yésus iku dudu Sang Mésias kang kanggo nindakaké tugas Dalem jumeneng Nata srana ngrabasa utawa andon perang nuli madeg jejer Kaisar. Dudu! Aja klèru panemu!
- “ . . . lan sing haking Allah, caosna Allah.” (ay 21). Tetembungan iki njelasaké pérangan kang kasebut ing aksara d ing ndhuwur; lan perlu diurasa sing permati. Gusti Yésus, kaya déné umumé wong Yahudi, ora misahaké panguwasa loro, yaiku panguwasané Kaisar lan panguwaos Dalem Allah, Hyang Rama. Panguwasaning raja kapir (ing sawatara bab) uga asal saka Allah lan tundhuk mring pangadilaning Allah. Kaisar ora sadrajat lan ora disakdrajataké karo Allah. Kaisar ora (bakal) tau duwé hak lan panguwasa kang hangabèhi kang nglimputi saindengning jabad, kaya déné Allah piyambak.
- Kanthi pangandika Dalem : “Lan sing haking Allah, caosna Allah “(ay 21), Gusti Yésus majibaké marang aku anané kasetyan sing sanyata. Dadi aku kudu nampa Kratoning Allah sing katon lan manjalma ana ing Penjenengané, lan ngakoni sarta ngandel Panjenengané jumeneng Sang Mésias kang rawuh arsa ngedegaké Kratoning Allah. Sumangga!
